"Dan Berbahagialah Wahai Jiwa-jiwa yang tenang, yang Senantiasa Mengingat Tuhan-nya dalam keadaan Lapang dan Sempit..."


Senin, 31 Mei 2010

FALSAFAH HIDUP JAWA

Hurip, Bèrbudi Bawaleksana, Ngudi Sejatining Becik
Perpustakaan pelestarian budaya Yogyakarta

Ketuhanan

1. Pangeran iku siji, ana ing ngendi papan langgeng, sing
nganakake jagad iki saisine, dadi sesembahane wong sak alam
kabeh, nganggo carane dhewe-dhewe. (Tuhan itu tunggal, ada di
mana-mana, yang menciptakan jagad raya seisinya, disembah
seluruh manusia sejagad dengan caranya masing-masing)

2. Pangeran iku ana ing ngendi papan, aneng siro uga ana
pangeran, nanging aja siro wani ngaku pangeran. (Tuhan ada di
mana saja, di dalam dirimu juga ada, namun kamu jangan berani
mengaku sebagai Tuhan)

3. Pangeran iku adoh tanpa wangenan, cedhak tanpa senggolan.
(Tuhan itu berada jauh namun tidak ada jarak, dekat tidak
bersentuhan)


4. Pangeran iku langgeng, tan kena kinaya ngapa, sangkan
paraning dumadi. (Tuhan itu abadi dan tak bisa diperumpamakan,
menjadi asal dan tujuan kehidupan)

5. Pangeran iku bisa mawujud, nanging wewujudan iku dudu
Pangeran. (Tuhan itu bisa mewujud namun perwujudannya bukan
Tuhan)

6. Pangeran iku kuwasa tanpa piranti, akarya alam saisine, kang
katon lan kang ora kasat mata. (Tuhan berkuasa tanpa alat dan
pembantu, mencipta alam dan seluruh isinya, yang tampak dan
tidak tampak)

7. Pangeran iku ora mbedak-mbedakake kawulane. (Tuhan itu tidak
membeda-bedakan (pilih kasih) kepada seluruh umat manusia)

8. Pangeran iku maha welas lan maha asih, hayuning bawana marga
saka kanugrahaning Pangeran. (Tuhan Maha Belas-Kasih, bumi
terpelihara berkat anugrah Tuhan)

9. Pangeran iku maha kuwasa, pepesthen saka karsaning Pangeran
ora ana sing bisa murungake. (Tuhan itu Mahakuasa, takdir
ditentukan atas kehendak Tuhan, tiada yang bisa membatalkan
kehendak Tuhan)
10. Urip iku saka Pangeran, bali marang Pangeran. (Kehidupan
berasal dari Tuhan dan akan kembali kepada Tuhan)
11. Pangeran iku ora sare. (Tuhan tidak pernah tidur)

12. Beda-beda pandumaning dumadi. (Tuhan membagi anugrah yang
berbeda-beda)

13. Pasrah marang Pangeran iku ora ateges ora gelem nyambut
gawe, nanging percaya yen Pangeran iku maha Kuwasa. Dene kasil
orane apa kang kita tuju kuwi saka karsaning Pangeran. (Pasrah
kepada Tuhan bukan berarti enggan bekerja, namun percaya bahwa
Tuhan Menentukan)

14. Pangeran nitahake sira iku lantaran biyung ira, mulo kudu
ngurmat biyung ira. (Tuhan mencipta manusia dengan media ibumu,
oleh sebab itu hormatilah ibumu)

15. Sing bisa dadi utusaning Pangeran iku ora mung jalma
manungsa wae. (Yang bisa menjadi utusan Tuhan bukan hanya
manusia saja)

16. Purwa madya wasana. (zaman awal/ sunyaruri, zaman tengah/
mercapada, zaman akhir/ keabadian)

17. Owah gingsiring kahanan iku saka karsaning Pangeran kang
murbeng jagad. (Berubahnya keadaan itu atas kehendak Tuhan yang
mencipta alam)

18. Ora ana kasekten sing madhani pepesthen awit pepesthen iku
wis ora ana sing bisa murungake. (Tak ada kesaktian yang
menyamai takdir Tuhan, sebab takdir itu tidak ada yang bisa
membatalkan)

19. Bener kang asale saka Pangeran iku lamun ora darbe sipat
angkara murka lan seneng gawe sangsaraning liyan. (Bener yang
menurut Tuhan itu bila tidak memiliki sifat angkara murka dan
gemar membuat kesengsaraan orang lain)

20. Ing donya iki ana rong warna sing diarani bener, yakuwi
bener mungguhing Pangeran lan bener saka kang lagi kuwasa.
(Kebenaran di dunia ada dua macam, yakni benar menurut Tuhan dan
benar menurut penguasa)

21. Bener saka kang lagi kuwasa iku uga ana rong warna, yakuwi
kang cocok karo benering Pangeran lan kang ora cocok karo
benering Pangeran. (Benar menurut penguasa juga memiliki dua
macam jenis yakni cocok dengan kebenaran menurut Tuhan dan tidak
cocok dengan kebenaran Tuhan)

22. Yen cocok karo benering Pangeran iku ateges bathara
ngejawantah, nanging yen ora cocok karo benering Pangeran iku
ateges titisaning brahala. (Kebenaran yang sesuai dengan
kebenaran menurut Tuhan, itu berarti tuhan yang mewujud, namun
bila tidak sesuai dengan kebenaran menurut Tuhan, berarti
penjelmaan angkara)

23. Pangeran iku dudu dewa utawa manungsa, nanging sakabehing
kang ana iki uga dewa lan manungsa asale saka Pangeran. (Tuhan
itu bukan dewa atau manusia, namun segala yang ada (dewa dan
manusia) adanya berasal dari Tuhan.

24. Ala lan becik iku gandengane, kabeh kuwi saka karsaning
Pangeran. (Keburukan dan kebaikan merupakan satu kesatuan, semua
itu sudah menjadi rumus/kehendak Tuhan)

25. Manungsa iku saka dating Pangeran mula uga darbe sipating
Pangeran. (Manusia berasal dari zat Tuhan, maka manusia memiliki
sifat-sifat Tuhan)

26. Pangeran iku ora ana sing Padha, mula aja
nggambar-nggambarake wujuding Pangeran. (Tidak ada yang
menyerupai Tuhan, maka janganlah melukiskan dan menggambarkan
wujud tuhan)

27. Pangeran iku kuwasa tanpa piranti, mula saka kuwi aja darbe
pangira yen manungsa iku bisa dadi wakiling Pangeran. (Tuhan
berkuasa tanpa perlu pembantu, maka jangan menganggap manusia
menjadi wakil Tuhan di bumi)

28. Pangeran iku kuwasa, dene manungsa iku bisa. (Tuhan itu
Mahakuasa, sementara itu manusia hanyalah bisa)

29. Pangeran iku bisa ngowahi kahanan apa wae tan kena kinaya
ngapa. (Tuhan mampu merubah keadaan apa saja tanpa bisa
dibayangkan/perumpamakan)

30. Pangeran bisa ngrusak kahanan kang wis ora diperlokake, lan

bisa gawe kahanan anyar kang diperlokake. (Tuhan mampu merusak

keadaan yang tidak diperlukan lagi, dan bisa membuat keadaan

baru yang diperlukan)
31. Watu kayu iku darbe dating Pangeran, nanging dudu Pangeran.

(Batu dan kayu adalah milik zat Tuhan, namun bukanlah Tuhan)
32. Manungsa iku bisa kadunungan dating Pangeran, nanging aja

darbe pangira yen manungsa mau bisa diarani Pangeran. (Di dalam

manusia dapat bersemayam zat tuhan, akan tetapi jangan merasa

bila manusia boleh disebut Tuhan)
33. Titah alus lan titah kasat mata iku kabeh saka Pangeran,

mula aja nyembah titah alus nanging aja ngina titah alus.

(Makhluk halus dan makhluk kasar/wadag semuanya berasal dari

tuhan, maka dari itu jangan menyembah makhluk halus, namun juga

jangan menghina makluk halus)
34. Samubarang kang katon iki kalebu titah kang kasat mata,

dene liyane kalebu titah alus. (Semua yang tampak oleh mata

termasuk makhluk kasat mata, sedangkan lainnya termasuk makhluk

halus)
35. Pangeran iku menangake manungsa senajan kaya ngapa. (Tuhan

memenangkan manusia walaupun seperti apa manusia itu)
36. Pangeran maringi kawruh marang manungsa bab anane titah

alus mau. (Tuhan memberikan pengetahuan kepada manusia tentang
eksistensi makhluk halus)

37. Titah alus iku ora bisa dadi manungsa lamun manungsa dhewe
ora darbe penyuwun marang Pangeran supaya titah alus mau
ngejawantah. (Makhluk halus tidak bisa menjadi manusia bila
manusia tidak punya permohonan kepada Tuhan agar makhluk halus
menampakkan diri)

38. Sing sapa wani ngowahi kahanan kang lagi ana, iku dudu
sadhengah wong, nanging minangka utusaning Pangeran. (Siapa yang
berani merubah keadaan yang terjadi, bukanlah sembarang orang,
namun sebagai “utusan” tuhan)

39. Sing sapa gelem nglakoni kabecikan lan ugo gelem lelaku,
ing tembe bakal tampa kanugrahaning Pangeran. (Siapa saja yang
bersedia melaksanakan kebaikan dan juga mau “lelaku” prihatin,
kelak akan memperoleh anugrah tuhan)

40. Sing sapa durung ngerti lamun piyandel iku kanggo
pathokaning urip, iku sejatine durung ngerti lamun ana ing donyo
iki ono sing ngatur. (siapa yang belum paham, lalu menganggap
sipat kandel itu sebagai rambu-rambu hidup, yang demikian itu
sesungguhnya belum memahami bila di dunia ini ada yang mengatur)

41. Sakabehing ngelmu iku asale saka Pangeran kang Mahakuwasa.
(Semua ilmu berasal dari Tuhan yang Mahakuasa)

42. Sing sapa mikani anane Pangeran, kalebu urip kang sempurna.
(Siapa yang mengetahui adanya Tuhan, termasuk hidup dalam
kesempurnaan).

Kebatinan

1. Dumadining sira iku lantaran anane bapa biyung ira. (Lahirnya
manusia karena berkat adanya kedua orang tua)

2. Manungsa iku kanggonan sipating Pangeran. (Di dalam manusia
tedapat sifat-sifat Tuhan)

3. Titah alus iku ana patang warna, yakuwi kang bisa mrentah
manungsa nanging ya bisa mitulungi manungsa, kapindho kang bisa
mrentah manungsa nanging ora mitulungi manungsa, katelu kang ora
bisa mrentah manungsa nanging bisa mitulungi manungsa, kapat
kang ora bisa mrentah manungsa nanging ya ora bisa mrentah
manungsa.
(Makhluk halus ada empat macam, pertama ; yang bisa memerintah
manusia namun bisa juga menolong manusia. Kedua; yang bisa
memerintah manusia namun tidak bisa menolong manusia. Ketiga ;
yang tidak bisa memerintah manusia namun bisa menolong manusia.
Keempat ; yang tidak bisa memerintah anusia namun juga tak bisa
diperintah manusia.

4. Lelembut iku ana rong warna, yakuwi kang nyilakani lan kang
mitulungi. (Makhluk halus ada dua macam; yang mencelakai dan
yang menolong)

5. Guru sejati bisa nuduhake endi lelembut sing mitulungi lan
endi lelembut kang nyilakani. (Guru Sejati bisa memberikan
petunjuk mana makhluk halus yang bisa menolong dan mana yang
mencelakakan)

6. Ketemu Gusti iku lamun sira tansah eling. (“Bertemu” Tuhan
dapat dicapai dengan cara selalu eling)

7. Cakra manggilingan. (Kehidupan manusia akan seperti roda yang
selalu berputar, kadang di bawah kadang di atas. Hukum sebab
akibat dan memungkinkan terjadi penitisan)

8. Jaman iku owah gingsir. (Zaman akan selalu mengalami
perubahan)

9. Gusti iku dumunung ana atining manungsa kang becik, mulo iku
diarani Gusti iku bagusing ati. (Tuhan berada di dalam hati
manusia yang baik, oleh sebab itu disebut Gusti (bagusing ati)

10. Sing sapa nyumurupi dating Pangeran iku ateges nyumurupi
awake dhewe. Dene kang durung mikani awake dhewe durung mikani
dating Pangeran. (Siapa yang mengetahui zat Tuhan berarti
mengetahui dirinya sendiri. Sedangkan bagi yang belum memahami
jati dirinya sendiri maka tidak mengetahui pula zat Tuhan)

11. Kahanan donya ora langgeng, mula aja ngegungake kesugihan
lan drajat ira, awit samangsa ana wolak-waliking jaman ora
ngisin-ngisini. (Keadaan dunia tidaklah abadi, maka jangan
mengagungkan kekayaan dan derajat pangkat, sebab bila
sewaktu-waktu terjadi zaman serba berbalik tidak menderita malu)

12. Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir,
mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah. (Keadaan yang
ada sekarang ini tidak akan berlangsung lama pasti akan
mengalami perubahan, maka dari itu janganlah lupa kepada sesama
makhluk hidup ciptaan Tuhan)

13. Lamun sira kepengin wikan marang alam jaman kelanggengan,
sira kudu weruh alamira pribadi. Lamun sira durung mikan alamir
pribadi adoh ketemune. (Bila kamu ingin mengetahui alam di zaman
kelanggengan. Kamu harus memahami alam jati diri (jagad alit),
bila kamu belum paham jati dirimu, maka akan sulit untuk
menemukan (alam kelanggengan)

14. Yen sira wus mikani alamira pribadi, mara sira mulanga
marang wong kang durung wikan. (Jika kamu sudah memahami jati
diri, maka ajarilah orang-orang yang belum memahami)

15. Lamun sira wus mikani alamira pribadi, alam jaman
kelanggengan iku cedhak tanpa senggolan, adoh tanpa wangenan.
(Bila kamu sudah mengetahui sejatinya diri pribadi, tempat zaman
kelanggengan itu seumpama dekat tanpa bersentuhan, jauh tanpa
jarak)

16. Lamun sira durung wikan alamira pribadi mara takono marang
wong kang wus wikan. (Bila anda belum paham jati diri pribadi,
datang dan tanyakan kepada orang yang telah paham)

17. Lamun sira durung wikan kadangira pribadi, coba dulunen sira
pribadi. (Bila anda belum paham saudaramu yang sejati, carilah
hingga ketemu dirimu pribadi)

18. Kadangira pribadi ora beda karo jeneng sira pribadi, gelem
nyambut gawe. (“Saudara sejati” mu tidak berbeda dengan diri
pribadimu, bersedia bekerja)

19. Gusti iku sambaten naliko sira lagi nandang kasangsaran.
Pujinen yen sira lagi nampa kanugrahaning Gusti. (Pintalah
Tuhan bila anda sedang menderita kesengsaraan, pujilah bila anda
sedang menerima anugrah)

20. Lamun sira pribadi wus bisa caturan karo lelembut, mesthi
sira ora bakal ngala-ala marang wong kang wus bisa caturan karo
lelembut. (Bila anda sudah bisa bercakap-cakap dengan makhluk
halus, pasti anda tidak akan menghina dan mencela orang yang
sudah bisa bercakap-cakap dengan makhluk halus)

21. Sing sapa nyembah lelembut iku keliru, jalaran lelembut iku
sejatine rowangira, lan ora perlu disembah kaya dene manembah
marang Pangeran. (Siapa yang menyembah lelembut adalah tindakan
keliru, sebab lelembut sesungguhnya teman mu sendiri)

22. Weruh marang Pangeran iku ateges wis weruh marang awake
dhewe, lamun durung weruh awake dhewe, tangeh lamun weruh marang
Pangeran. (Memahami tuhan berarti sudah memahami diri sendiri,
jika belum memahami jati diri, mustahil akan memahami Tuhan)

23. Sing sapa seneng ngrusak katentremane liyan bakal dibendu
dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe. (Siapa
yang gemar merusak ketentraman orang lain, pasti akan dihukum
oleh Tuhan dan dipermalukan oleh perbuatannya sendiri)

24. Lamun ana janma ora kepenak, sira aja lali nyuwun pangapura
marang Pangeranira, jalaran Pangeranira bakal aweh pitulungan.
(Walaupun mengalami zaman susah, namun janganlah lupa mohon
ampunan kepada Tuhan, sebab Tuhan akan memberikan pertolongan)

25. Gusti iku dumunung ana jeneng sira pribadi, dene ketemune
Gusti lamun sira tansah eling. (Tuhan ada di dalam diri pribadi,
dapat anda ketemukan dengan cara selalu eling)

Filsafat Kemanusiaan

1. Rame ing gawe sepi ing pamrih, memayu hayuning bawana. (Giat
bekerja/membantu dengan tanpa pamrih, memelihara alam semesta
/mengendalikan nafsu)

2. Manungsa sadrema nglakoni, kadya wayang umpamane. (Manusia
sekedar menjalani apa adanya, seumpama wayang)

3. Ati suci marganing rahayu. (Hati yang suci menjadi jalan
menuju keselamatan jiwa dan raga)

4. Ngelmu kang nyata, karya reseping ati. (Ilmu yang sejati,
membuat tenteram di hati)

5. Ngudi laku utama kanthi sentosa ing budi. (Menghayati
perilaku mulia dengan budi pekerti luhur)

6. Jer basuki mawa beya. (Setiap usaha memerlukan beaya)

7. Ala lan becik dumunung ana awake dhewe. (Kejahatan dan
kebaikan terletak di dalam diri pribadi)

8. Sing sapa lali marang kebecikaning liyan, iku kaya kewan.
(Siapa yang lupa akan amal baik orang lain, bagaikan binatang)

9. Titikane aluhur, alusing solah tingkah budi bahasane lan
legawaning ati, darbe sipat berbudi bawaleksana. (Ciri khas
orang mulia yakni, perbuatan dan sikap batinnya halus , tutur
kata yang santun, lapang dada, dan mempunyai sikap wibawa luhur
budi pekertinya)

10. Ngunduh wohing pakarti. (Orang dapat menerima akibat dari
ulahnya sendiri)

11. Ajining dhiri saka lathi lan budi. (Berharganya diri
pribadi tergantung ucapan dan akhlaknya)

12. Sing sapa weruh sadurunge winarah lan diakoni
sepadha-padhaning tumitah iku kalebu utusaning Pangeran. (Siapa
yang mengetahui sebelum terjadi dan diakui sesama manusia, ia
termasuk utusan tuhan)

13. Sing sapa durung wikan anane jaman kelanggengan iku, aja
ngaku dadi janma linuwih. (Siapa yang belum paham adanya zaman
keabadian, jangan mengaku menjadi orang linuwih)

14. Tentrem iku saranane urip aneng donya. (Ketenteraman
adalah sarana menjalani kehidupan di dunia)

15. Yitna yuwana lena kena. (Eling waspdha akan selamat, yang
lengah akan celaka)

16. Ala ketara becik ketitik. (Yang jahat maupun yang baik
pasti akan terungkap juga)

17. Dalane waskitha saka niteni. (Cara agar menjadi awas,
adalah berawal dari sikap cermat dan teliti)

18. Janma tan kena kinira kinaya ngapa. (Manusia sulit diduga
dan dikira)

19. Tumrap wong lumuh lan keset iku prasasat wisa, pangan kang
ora bisa ajur iku kena diarani wisa, jalaran mung bakal nuwuhake
lelara. (Bagi manusia, fakir dan malas menjadi bisa/racun,
makanan yang tak bisa hancur dapat disebut sebagai bisa/racun,
sebab hanya akan menimbulkan penyakit)

20. Klabang iku wisane ana ing sirah. Kalajengking iku wisane
mung ana pucuk buntut. Yen ula mung dumunung ana ula kang duwe
wisa. Nanging durjana wisane dumunung ana ing sekujur badan.
(Racun bisa Lipan terletak di kepala, racun bisa kalajengking
ada di ujung ekor, racun bisa ular hanya ada pada ular yang
berbisa, namun manusia durjana racun bisanya ada di sekujur
badan)

21. Geni murub iku panase ngluwihi panase srengenge, ewa dene
umpama ditikelake loro, isih kalah panas tinimbang guneme
durjana. (Nyala api panasnya melebihi panas matahari, namun
demikian umpama panas dilipatgandakan, masih kalah panas
daripada ucapan orang durjana)

22. Tumprape wong linuwih tansah ngundi keslametaning liyan,
metu saka atine dhewe. (Bagi orang linuwih selalu berupaya
menjaga keselamatan untuk sesama, yang keluar dari niat suci
diri pribadi)

23. Pangucap iku bisa dadi jalaran kebecikan. Pangucap uga dadi
jalaraning pati, kesangsaran, pamitran. Pangucap uga dadi
jalaraning wirang. (Ucapan itu dapat menjadi sarana kebaikan,
sebaliknya ucapan bisa pula menyebabkan kematian, kesengsaraan.
Ucapan bisa menjadi penyebab menanggung malu)

24. Sing bisa gawe mendem iku: 1) rupa endah; 2) bandha, 3)
dharah luhur; 4) enom umure. Arak lan kekenthelan uga gawe
mendem sadhengah wong. Yen ana wong sugih, endah warnane, akeh
kapinterane, tumpuk-tumpuk bandhane, luhur dharah lan isih enom
umure, mangka ora mendem, yakuwi aran wong linuwih. (Penyebab
orang menjadi lupa diri adalah : gemerlap hidup, harta,
kehormatan, darah muda. Arak dan minuman juga membuat mabuk
sementara orang. Namun bila ada orang kaya, tampan rupawan,
banyak kepandaiannya, hartanya melimpah, terhormat, dan masih
muda usia, namun semua itu tidak membuat lupa diri, itulah orang
linuwih)

25. Sing sapa lena bakal cilaka. (Siapa terlena akan celaka)

26. Mulat salira, tansah eling kalawan waspada. (Jadi orang
harus selalu mawas diri, eling dan waspadha)

27. Andhap asor. (Bersikap sopan dan santun)

28. Sakbegja-begjane kang lali luwih begja kang eling klawan
waspada. (Seberuntungnya orang lupa diri, masih lebih beruntung
orang yang eling dan waspadha)

29. Sing sapa salah seleh. (Siapapun yang bersalah akan
menanggung celaka)

30. Nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake. (Bertanding
tanpa bala bantuan)

31. Sugih ora nyimpen. (Orang kaya namun dermawan)

32. Sekti tanpa maguru. (Sakti tanpa berguru, alias dengan
menjalani laku prihatin yang panjang)

33. Menang tanpa ngasorake. (Menang tanpa menghina)

34. Rawe-rawe rantas malang-malang putung. (Yang mengganggu
akan lebur, yang menghalangi akan hancur)

35. Mumpung anom ngudiya laku utama. (Selagi muda berusahalah
selalu berbuat baik)

36. Yen sira dibeciki ing liyan, tulisen ing watu, supaya ora
ilang lan tansah kelingan. Yen sira gawe kebecikan marang liyan
tulisen ing lemah, supaya enggal ilang lan ora kelingan. (Jika
kamu menerima kebaikan orang lain, tulislah di atas batu supaya
tidak hilang dari ingatan. Namun bila kamu berbuat baik kepada
orang lain hendaknya ditulis di atas tanah, supaya segera hilang
dari ingatan)

37. Sing sapa temen tinemu. (Siapa yang bersungguh-sungguh akan
berhasil)

38. Melik nggendhong lali. (Pamrih menyebabkan lupa diri)

39. Kudu sentosa ing budi. (Harus selamat ke dalam jiwa)

40. Sing prasaja. (Menjadi orang harus bersikap sabar)

41. Balilu tau pinter durung nglakoni. (Orang bodoh yang sering
mempraktekan, kalah pandai dengan orang pinter namun belum
pernah mempraktekan)

42. Tumindak kanthi duga lan prayogo. (Bertindak dengan penuh
hati-hati dan teliti/tidak sembrono)

43. Percaya marang dhiri pribadi. (Bersikaplah percaya diri)

44. Nandur kebecikan. (Tanamlah selalu kebaikan)

45. Janma linuwih iku bisa nyumurupi anane jaman kelanggengan
tanpa ngalami pralaya dhisik. (Manusia linuwih adalah dapat
mengetahui adanya zaman keabadian tanpa harus mati lebih dulu)

46. Sapa kang mung ngakoni barang kang kasat mata wae, iku
durung weruh jatining Pangeran. (Siapa yang hanya mengakui
hal-hal kasat mata saja, itulah orang yang belum memahami
sejatinya Tuhan)

47. Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng,
aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut
bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya
wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking. (Bila anda
mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang,
janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi
ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang
biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)

48. Sing sapa gelem gawe seneng marang liyan, iku bakal oleh
wales kang luwih gedhe katimbang apa kang wis ditindakake.
(Barang siapa gemar membuat orang lain bahagia, anda akan
mendapatkankan balasan yang lebih besar dari apa yang telah anda
lakukan)

Sumber: Sabda langit

0 komentar:

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More